Buku "Sarwa-sarwi Sekar Macapat"

 




Deskripsi:

Judul: Sarwa-Sarwi Sekar Macapat

Penulis: AKBAR AL MASJID, S.S., M.Pd. & DHAGAN WIDYALOKA, S.S., S.Pd., M.Pd.

Cetakan : I, 2023


Penerbit:

Surya Pustaka Ilmu Grup

Karanganyar. 57761

suryapustakailmu.com


Sinopsis:

Buku “Sarwa-Sarwi Sekar Macapat” punika karakit kangge hamimbuhi kawruh ngenani kawruh punapa kemawon ingkang wonten gandheng-cenengipun kaliyan babagan sekar macapat. Sadaya kawruh bab kalawau dipunudhari setunggal mbaka sawiji wonten ing buku punika. Buku ingkang alit tur prasaja punika ngewrat kawruh sapala sekar macapat, falsafah lan watakipun sekar macapat, sarta kagunan basa ing sekar macapat. Boten katalompen, buku punika ugi ngudhari piwucal budi pekerti lan watak maton (kepatuhan) masarakat Jawi dhumateng pranataning bebrayan ingkang wonten ing sekar macapat.

Angkahing pangripta, buku punika dipunancas sageda minangka pasumbang buku punika dipunancas sageda minangka pasumbang pamikiran bababagan sesekaran. Sanadyan ugi dipunrumaosi naming winates klungsu-klungsu ndherek udhu tebih saking sampurna. Nanging ingkang wigatos, lumantar buku ingkang prasaja punika mugi-mugi kabudayan Jawi ingkang awujud sekar macapat tetepa lestari saha ngrembaka. Kajawi punka, mugia saged dipunginakaken dening para siswa ing tataran SD ngantos SMA / SMK; mahasiswa ingkang sinau bab sekar macapat; para dwija basa Jawi minangka gegebengan anggenipun paring pamucalan lan panggulawenthah siswa-siswinipun babagan sekar macapat; para pametri lan sutresna budaya Jawi; sarta para generasi mudha ingkang minangka generasi penerus bangsa ingkang taksih remen lan nggilut ing sekar macapat. Pramila kanthi maos buku punika mugia saged  dados lelantaran anggenipun sangsaya langkung tresna tundhonipun rumaos handarbeni, ndherek hangrungkepi, sarta mulat sarira hangrasa wani kaliyan budaya sekar macapat.


Surya Pustaka Ilmu

Surya Pustaka Ilmu adalah sebuah penerbit Buku yang melayani dengan profesional. Melayani jasa penerbitan buku, layout, editing, jasa ISBN, dan konsultasi penerbitan buku, serta workshop kepenulisan.

Posting Komentar

Please Select Embedded Mode To Show The Comment System.*

Lebih baru Lebih lama