Judul Buku: Antologi Geguritan Gumregah ing Ngisor Wit Maja
Penulis: SMPN 15 Tegal
Tebal: 225 hlm, 14 x 20,5 cm
Sinopsis
Buku Antologi Geguritan kanthi irah-irahan “Gumregah Ing Sangisore Wit Maja” minangka wujud ekspresi lan pangrasa para siswa kelas SMP Negeri 15 Tegal. Geguritan-geguritan ing njero buku punika ngandhut makna kang jero babagan alam, budaya, pendidikan, lan urip padinan, minangka cerminan manah lan pamanggih generasi muda kang peka marang lingkungan.
Saking gladhen nyerat geguritan ing pasinaon Basa Jawi, para siswa boten namung sinau nyusun tembung, nanging ugi ngolah rasa, empati, lan nilai-nilai luhur budaya Jawa. Buku punika minangka bukti bilih Basa lan Sastra Jawi tetep gesang, ngrembaka, lan gadhah papan ing atiné generasi enom.
Antologi punika dados jembatan kangge njagi lan nglestantunake kabudayan Jawa, saha nyemangati siswa-siswi supados tansah gumregah nguri-uri warisan leluhur ing tengahing arus globalisasi. Mugi buku punika dados inspirasi tumrap para maos lan nyinau ngèlmu kabecikan saking saben larik tembung.